cerkak

Cerita cekak utawa cerkak yaiku bentuk karangan nduwe bentuk prosa naratif fiktif lan nggunakne Basa Jawi jero panulisane. Cerkak cenderung padat lan teras nang tujuane, dibandingna karo cerito fiksi sing luwih dawa kaya novel. Cerkak sukses nyandhalake teknik-teknik sastra kaya tokoh, alur, tema, basa, lan insight sacara luwih amba dibandingna karo fiksi sing luwih dawa.


Cerkak cenderung kurang kompleks dibandingna karo novel. Cerkak biyasane muserke gatekan nang siji kedaden, nduweni siji plot, setting sing tunggal, cacah tokoh sing kewates, ncakup arah wayah sing singkat.

Pengertian Cerkak

Jero bentuk-bentuk fiksi sing luwih dawa, ceritone cenderung momot unsur-unsur inti tertentu saka struktur dinamis:
  • Eksposisi (panerna setting, situasi, lan tokoh utamane)
  • Komplikasi (kadadean neng jero cerito sing ngenalake konflik)
  • Aksi sing ningkat, krisis (wektu sing menentukan kanggo si tokoh utama lan komitmen dekne kabeh adhep mubarang jangkah)
  • Klimaks (titik minat paling dhuwur jero pangerten konflik lan titik cerito sing ngandung aksi paling akeh utawa penting)
  • Penyelesaian (kanggonan cerito neng endi konflik dipecahkan)
  • Moral
Amarga cendhak, cerito cekak bisa momot pola iki utawa bokmenawa uga ora. Dadi contho, cerito-cerito cekak modern mung sapisan ngandung eksposisi. Sing luwih umum yaiku awal sing mendadak, karo cerito sing dianyak neng tengah aksi. Kaya jero cerito-cerito sing luwih dawa, plot saka cerito cekak uga ngandung klimaks, utawa titik walik.

Ning mangkana, akhir saka akeh cerito cekak biyasane mendadak lan bukak lan bisa ngandung (utawa bisa uga ora) pesan moral utawa piwulang praktis. kaya akeh bentuk seni endia, ciri khas saka siji cerito cendhak beda-seje manut pengarangnya.

Cerkak nduweni 2 unsur yaiku:

1. Unsur intrinsik yaiku unsur sing nangi karya kuwi dhewe. Unsur–unsur intrinsik cerkak yaiku dadi iki:
  • Tema
  • Latar: panggon, wayah, kahanan.
  • Alur: maju, mundur, campuran.
  • Tokoh
  • Penokohan
  • Sudut pandang
  • Amanat
2. Unsur ekstrinsik yaiku unsur-unsur sing ana ing njaba karya sastra, ning sacara ora teras mempengaruhi tangen utawa sistem organisme karya sastra.

Unsur ekstrinsik meliputi:
  • aji-aji jero cerito (agama, budaya, politik, ekonomi)
  • Latar buri kuripan pengarang..
  • Situasi sosial pas cerito kuwi diciptakan.
kapethik saka :
http://www.cerkakbahasajawa.com/2015/08/pengertian-cerkak.html

tuladha cerkak :

"Caleg" Dening MM Bhoernomo


Kardono wis ora mamang maneh arep daptar dadi calon legislatif (caleg) sawise ketamuan kancane kuliyah mbiyen sing jenenge Sodrun. Saiki dadi ketua cabang partai anyar sing jarene bakal dadi partai gedhe tur mengko bakal menang pemilu jalaran akeh tokoh nasional Ian artis-artis kondhang sing wis dadi anggotane.

Seprene, wiwit lulus fakultas hukum, Kardono urip ing desane, saben dinane nggarap sawah Warisan saka wong tuwane sing wis padha suwargi. Sawah rong hektar kuwi arep dienggo modhal politik. Jare Sodrun, saiki yen kepengin dadi wakil rakyat pancen kudu duwe modal sing akeh. Saya akeh modale saya gampang golek dukungan rakyat. Yen wis dadi wakil rakyat, bakal gelis balik modal jalaran akeh anggaran proyek sing bisa dikrakup utawa disinggek.

“Aja kuwatir modhalmu ora balik. Miturut sing wis dialami bala-bala, modhal politik bisa balik ora nganti setaun, jalaran akeh proyek sing bisa disinggek utawa dikrakup. Malah akeh sing modhale wis balik kabeh sadurunge setaun dadi wakil rakyat,” omonge Sodrun nalika mertamu ing omahe Kardono.

Kardono bener-bener mantep arep dadi caleg jalaran bojone gelem nyengkuyung. Malah bojone arep melu kampanye murih bisa nyakup suwara rakyat.

Saben bengi, nalika arep turu bareng bojone, Kardono tansah mbayangake dadi wakil rakyat sing sugih banget Ian kerep melu studi bandhing ing negara-negara manca.

“Aku arep kursus basa Inggris supaya bisa ngomong basa Inggris kanthi lancar Ian supaya ora minder yen ngepasi melu studi banding ing negara-negara liya,” ujare Kardono karo mesam-mesem.

“Ya, pancen wakil rakyat kudune pinter ngomong nganggo basa Inggris, Mas. Aja sumelang, Mas. Aku bakal melu kampanye. Nanging yen panjenengan wis dadi wakil rakyat, aku kudune tansah melu studi banding ing luar negeri ya?” bojone sajak wis mantep banget anggone nyengkuyung.

Nalika Kardono arep adol sawah warisan kuwi, kabeh sedulure padha ora mathuk. Banjur padha mara bareng ing omahe Kardono, menehi pitutur sing dianggep wicaksana.

“Sawah warisan kuwi aja didol. Apa maneh didol kanggo modhal politik.”

“Kudu dipetung maneh yen arep melu dadi caleg. Aja sembrana, apa maneh nganti arep adol sawah kanggo modhal politik. Coba bayangke, yen ora bisa dadi wakil rakyat, nanging sawahe wis kebacut didol, banjur arep dadi apa?”

“Aja grusa-grusu. Yen sawah wis kebacut didol, ora bisa dituku maneh.”

“Luwih becik tetep nggarap sawah. Yen pancen kepengin dadi caleg, ora prelu adol sawah. Rakyat saiki wis padha ndakik-ndakik, akeh sing gelem nampa dhuwite nanging emoh milih. Aku saben pemilu uga tansah nampa dhuwit saka caleg-caleg, nanging aku ora tau gelem milih. Aku tetep golput”

Kardono manggut-manggut nalika kabeh sedulure sing uripe padha nggarap sawah kuwi menehi pitutur. Nanging atine Kardono wis mantep arep dadi caleg modhal sawah rong hektar kuwi. Atine wis ora bisa dieluk maneh. Kabeh pituture sedulur dianggep ora prelu dadi wigati.

Kanggone Kardono, nasibe bakal gelis murwat Ian menthereng yen wis dadi wakil rakyat. Saprene, jalaran mung nggarap sawah, ora duwe sumber panguripan Iiya, uripe tansah pas-pasan. Yen ngepasi beja, bisa kepanenan akeh, ya pancen bisa tuku sepedha motor anyar gres, tuku pedhet Ian tuku Iiya-Iiyane. Nanging yen ngepasi akeh ama utawa sawahe kelem kebanjiran, utawa gagal panen, ya banjur kapeksa ngiris sepedha motore Ian pedhete utawa adol-adol barang sing bisa didol kanggo mangan Ian modhal tani.

Jalaran nyawang Kardono sajak wis ora bisa nampa pitutur, kabeh sedulur banjur padha bali menyang omahe dhewe-dhewe kanthi rasa eman Ian kuwatir. Kabeh padha ngeman Kardono jalaran Kardono kuwi pancen sedulur sing paling nom. Kabeh uga kuwatir yen Kardono wis kebacut adol sawah nanging gagal dadi wakil rakyat.

Kabeh sedulur isih eling marang kedadeyan ala sing dialami dening caleg-caleg sing gagal. Ana caleg gagal sing banjur ambruk nganti diopname ing rumah sakit sasen-sasen saengga kabeh donyane katut didol.

Ana uga caleg sing stress banjur edan. Uga ana caleg sing gagal banjur minggat saparan-paran jalaran omahe wis kebacut katut didol tur kejiret utang sing cacahe atusan yuta. Malah uga ana caleg gagal sing nekad ngendhat kanthi cara nggantung awake dhewe sajrone kamar.

Mula senajan Kardono wis ora bisa diwenehi pitutur, kabeh sedulur tetep padha ndedonga muga-muga bae Kardono bisa dadi wakil rakyat, Ian yen ora bisa wakil rakyat ora njur nekad tumindhak ala sing gawe cilakane awak dhewe Ian gawe wirang kabeh sedulur.

KARDONO mesam-mesem nalika eling kabeh sedulure sing sajak ora gelem nyengkuyung dheweke dadi caleg. Nalika arep turu bareng bojone, Kardono nggremeng: “Senajan kabeh sedulur padha ora mathuk, kabeh bakal melu bungah yen aku bisa dadi wakil rakyat. Dhasar wongwong ndesa, bisane mung kuwatir, ora wani ngowahi nasib. Mulane ya tansah padha mlarat kabeh terus-terusan!”

Bojone banjur ngelus-elus pipine karo mesem. “Wis ora usah direwes, Mas. Sing baku panjenengan wis mantep bakal dadi caleg.”

Kardono banjur ngesun pipine bojone sing sajak alus kuwi. Bojone banjur ngekep Kardono.

Ing njabane kamar, akeh walang padha muni ecek-ecek, sajak melu bungah nyawang Kardono Ian bojone nyecep-nyecep madune katresnan. Lebar kuwi, Kardono ngomong. Mbesuk yen wis dadi wakil rakyat bakal kerep ngejak bojone nginep ing hotel berbintang lima murih bisa nyecep madune katresnan sing luwih nikmat.

Bojone mesem. “Wah, aku bakal Seneng banget yen bisa kerep nginep ing kamar hotel berbintang lima, Mas. Nanging aja-aja panjenengan banjur seneng nginep ing hotel berbintang tanpa ngejak aku, Mas?”

Kardono ngguyu nyekikik. Wiwit mantep arep dadi caleg, Kardono kerep mbayangake nginep ing hotel berbintang lima karo wong-wong sing ayu-ayu. Malah Kardono kepengin gonta-ganti kelonan karo wong ayu-ayu saben-saben nginep ing hotel berbintang. Saprene, urip karo bojone sajak wis mboseni, jalaran bojone ora tau gelem dandan lan nganggo wangen-wangen, senajan saben dma pancen repot ngopeni omah.

“Pokoke, yen aku mbesuk wis dadi wakil rakyat, bakal kerep nginep ing hotel berbintang karo wong ayu-ayu sing braen-braen tur wangi-wangi,” Kardono mbatin karo ngeremake mripate.

KARDONO wis adol sawah rong hektar Sawah rong hektar kuwi payu mung telungatus yuta. Kabeh dhuwite dicawisake kanggo modhal politik. Nalika melu rapat partai, Kardono rada kaget, jalaran partai sing arep dadi tunggangan politike ngabot-ngaboti kabeh caleg. Pokoke saben-saben caleg dikon setor dhuwit satus yuta marang kas partai.

 Dene saben-saben caleg kudune uga cawis anggaran kanggo kampanye dhewe-dhewe. Yen kepengin bisa dadi wakil rakyat kudune cawis anggaran kampanye sing saakeh-akehe. Kaya mangkono jare wis lumrah, wiwit biyen mula. Yen ana caleg gagal, biyasane jalaran ora wani cawis dhuwit akeh kanggo anggaran kampanye. Rakyat ora bakal gelem menehi suwara kanthi gratis. Kabeh rakyat kepengin suwarane diajeni karo dhuwit. Mula kabeh caleg kudune gelem nyebar dhuwit saakeh-akehe marang rakyat.

Kardono rada mamang anggone dadi caleg sawise mangerteni syarat-syarat sing wis dibeberake ing rapat partai kuwi. Lan jebule caleg-caleg liya luwih sugih. Caleg-caleg Iiya padha cepak dhuwit milyaran rupiah kanggo anggaran kampanye.

Nalika mulih saka rapat partai, awake Kardono lemes, praupane pucet. Bojone nyawang kanthi rasa kuwatir.

“Panjenengan sakit, Mas?”

Kardono ora mangsuli pitakone bojone. Jangkahe rada diseret-seret nalika mlebu kamar. Banjur ambruk ing dhuwur amben. Rasa mamange anggone dadi caleg tansaya abot ngebaki dhadhane, kamangka wis kebacut adol sawah. Rasane arep mundur nanging ora bisa mundur maneh kejaba gelem dikunjara Ian mbayar dendha sing ora sithik. Limang dina engkas mangsa kampanye bakal diwiwiti.

Nalika keprungu yen caleg-caleg liya cawis dhuwit milyaran rupiah kanggo anggaran kampanye, bojone Kardono langsung melu lemes. Wis cetha yen Kardono kalah dhuwit, mula kudune gelem ora gelem siap-siap gagal dadi wakil rakyat.

Sing dikuwatirake kabeh sedulur jebule dadi kasunyatan. Kardono gagal dadi wakil rakyat. Lebar pemilu, Kardono ambruk, nanging emoh ditemoni sapa bae kejaba bojone. Kamare tansah dikancing saka jero. Kabeh sedulur Ian tangga teparo sing mara arep tilik Kardono padha cuwa Ian prihatin. Kabeh padha nggremeng.

“Wong ora patiya sugih mbok aja melu-melu dadi caleg.”

“Dadi caleg kuwi pancen risikone abot banget.”

“Melu-melu nyaleg kuwi kaya dene melu lotre. Yen menang ya bisa ndadak sugih, nanging yen kalah ya bisa ndadak kere.”

Bojone Kardono susah banget. Nalika akeh sedulur Ian tangga teparo padha mara, ora gelem menehi pasugatan apa-apa. Malah Iungguh sendhen cagak tritis ngarep karo mbesengut. Nalika ana sing takon kahanane Kardono, bojone malah mangsuli karo mingseg-mingseg.

Kabeh sedulur Ian tangga teparo banjur padha ngurut dhadhane dhewe-dhewe merga welas marang kahanane Kardono saiki.

Jare bojone, Kardono ngathang-ngathang ing dhuwur amben, rina wengi, wuda blejet, kenthis-kenthis ... -- (Cuthel)
 kapethik saka :
http://kumpulan-cerkak.blogspot.co.id/2016/11/cerkak-bahasa-jawa-caleg.html

pawartos

pawarta yaiku kabar anyar utawa kedadean sing lagi dumadi ana sawijining panggonan sing bisa dicawiske liwat bentuk cetak, siaran, Internet, utawa lisan marang wong ketelu utawa wong akeh.

Kados sing wis diaturake ing nduwur wau pawarta bisa dicawesake liwat pirang-pirang bentuk kayata:

Bentuk cetak

Bisa awujud majalah/ koran contone: majalah djokolodang, majalah panjembar semangat, lan sanesipun.

Bentuk Siaran

Bentuk siaran iki pada samya kanthi liwat lisan anangeng mbutuhake media kanggo nyawisake pawarta menika. Contone: berita bahasa jawa TA TV, berita bahasa jawa JOGJA TV, berita bahasa jawa Radio Persatuan, berita bahasa jawa TV Semarang, lan sak panunggalane.

Liwat Internet

Wis genah bentuk siji iki yaiku sawijining berita basa jawa utawa pawarta basa jawa sing dicawisake lewat media internet bisa awujud website utawa blog.

Bentuk lisan

Yen bentuk lisan ini bisa dicawisake saka sapa wae, ateges warta sing dicawisake langsung saka sing ngerteni pawarta datheng tiyang ingkang pun paringi pawarta. Contone: anak marang bapak, utawa sewalike.

Unsur Pawarta

Wondene unsur-unsur ana pawarta pada karo unsur sing ana ing berita yaiku nggamblangna babagan.
Apa = Kedadean apa sing bakal dicawisake.
Sapa = Sapa sing ngalami kedadean kasebut.
Kapan = Kapan kedadean kasebut dumadi.
Kepriye = Kepriye kedadean kui bisa dumadi .
Nengndi = Ana papan ngendi kedadean kui dumadi.
Kena apa= Merga apa kedadean kasebut dumati.

Pawarta sing paling apik yaiku warta sing nduweni 5 unsur utama sing wis kasebut neng nduwur mau. Mila saking menika siring kasebut 5W + 1H.

Warta ingkang menarik kedah nduweni pirang-pirang sifat yaiku aktual, faktual utawa nyata, cekak aos, narik kawigaten utawa menarik kanggo dingerteni, unik, uga jangkep.
Tuladha
Wisatawan Mancanegara Wis Padha Mangerteni Anane Museum Bathik ing Pekalongan
Dening: Ani Devi Ariyanti, Erlangga, Intan Wahyuning Sari, lan Saiful Arif
Museum Bathik Pekalongan
Pekalongan, SP- Museum Bathik Pekalongan ing Jalan Jatayu No. 1 Pekalongan, Jawa Tengah, mujudake salah sawijining panggonan kanggo plesir ing preinan wulan pasa, supaya bisa nambah wawasan ngenani budaya Indonesia.
Museum Bathik iki minangka bangunan peninggalan kolonial Walanda kang mbiyen mujudake Kantor Keuangan Pabrik Gula, lan dibangun taun 1906. Ananging, wiwit tanggal 12 Juni 2006, bangunan iku didadekake Museum Bathik dening Yayasan Kakin, lan diresmekake langsung dening presiden Susilo Bambang Yudhoyono.
Museum iki nduweni koleksi kurang luwing 1002 warna bathik kang asale saka saknuswantara. Saben petang wulan pisan, panatane kain bathik ing saben pajangan dipindhah panggonan, tujuwane supaya ora mboseni tumrap wong-wong kang teka ing museum.
Ing museum bathik iku, kita bisa niti pirsa sakkabehe corak bathik kang dipajang, kita uga bisa takon babagan bathik marang petugas, malah uga diparengake njajal carane mbathik, utawa belanja souvenir.
Tumekane dina iki, wis akeh wisatawan mancanegara lan pribumi kang nekani museum iku.

kapethik saka :
http://pawartabahasajawa.blogspot.com/2015/08/pengertian-pawarta-dalam-bahasa-jawa.html
http://rudikurniawan763.blogspot.co.id/2013/12/pawarta.html

sesorah

Sesorah(pidato) yaiku micara/matur/nglairake gagasan sarana lisan ing sangarepe wong akeh kanthi ancas tinamtu.

a.     Ancasing sesorah/tujuan sesorah
1.       Atur Pambagyo= yaiku sesorah kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing acara apa wae kayata acara syukuran,supitan,tanggap warsa(ulang tahun),pengantenan.

2.       Atur kabar/paring informasi= yaiku sesorah kang aweh kabar/informasi,umpamane acara rapat organisasi,promosi barang.

3.       Atur pangajak=yaiku sesorah kang ancase supaya sing mirengaken percaya banjur ketarik atine lan gelem nindakake apa kang diwedharake dening sing sesorah,umpamane sesorah ing papan ibadah
4.       Atur panglipur= yaiku sesorah kang aweh panglipur utawa nggedhekake atine marang para sutresna sing lagi nandhang susah,umpamane sesorah ing sangarepe para kadang kang lagi nandhang pancobaning urip arupa musibah bencana alam,kepaten lan liya liyane.

5.       Atur panyarue/ngemutake= nelakake panemu kanthi dhasar-dhasar kang ganep tumrap sawenehing ada ada,contone tontonan lumatar tv,panggoning hp lah internet kang kurang becik tumraping bocah sekolah.
b.     Bab wigati nalika lagi sesorah(bab yang perlu diperhaikan saat pidato)
1.       Basa
Basa kang digunakake kudu cocog karo sing diadhepi. Basa ngoko digunakake menawa sing diadhepi iku bocah/luwih enom tinimbang sing sesorah. Basa krama digunakake menawa ngadhepi wong sing luwih tuwa/wong sing kudu diurmati.

2.       Busana
Menawa sesorah becike nggunakake busana kang becik lan sopan. Ana tetembungan “ajining raga saka busana” kejaba kanggo ngormati sing padha mirengake uga bisa kanggo njagani lan ngajeni awake dhewek. Busana uga kudu kaleresan karo kahanan lan tujuan.

3.       Swara
Swara kang kepenak dirungokake iku aja keseron utawa aja lirih banget. Anggone ngucapake kudu jelas,ora kecepeten saengga apa kang diwedharake gampang dingerteni karep,irama ora lugu kaya wong maca buku.
an mudah dipahami maksudnya,dalam berpidato jangan terlalu sering baca buku.
4.       Solah bawa(sikap)
Wong sesorah iku kudu mantep lan tatag,madhep marang pamriksa,aja tumungkul,ndhingkluk lan aja ndangak.

c.      Bab kang kudu disingkiri nalika sesorah
1.       Polatan mbesengut(terlihat marah)
2.       Gugup(nerveous)
3.       Ngguyu sing digawe gawe(tertawa dibuat buat)
4.       Sering ndeleng cathetan(sering melihat catatan)
5.       Bola bali ngobahake tangan/sikil(terlalu sering menggerakan tangan/kaki)
6.       Ngadeg kaku kaya wong baris(berdiri terlalu kaku seperti orang baris)
7.       Karo mloka mlaku(sambil jalan jalan)
8.       Tangan methentheng
9.       Tangan mlebu sak klambi/kathok(tangan masuk ke saku baju/celana)
d.     Urutane sesorah
1.       Salam pambuka
Isine ngucapake salam marang tamu kang rawuh kayata nuwun,kula nuwun,sugeng siyang,sugeng sonten,sugeng ndalu utawa salam liyane

2.       Purwaka
Atur pakurmatan marang para tamu lan atur syukur marang Gusti dene isih bisa ketemu kanggo nindhakake acara iku. Uga atur panuwun marang para tamu sing wis kersa nglonggarake wektu rawuh ing acara iku
3.       Isi/wignatining atur
Isine bab apa sing bakal diaturake manut marang acarane
4.       Pangarep-arep
Isine bab sing disuwunake(diarep arep) saka sing kagungan kersa marang  tamune umpamane donga, pitutur lan sapiturute.

5.       Panutup
Isine nyuwun pangapura menawa anggone nampa tamu utawa matur ana tetembungan sing kurang becik lan solah bawa utawa tindak tanduk sing ora mranani penggalih.
tuladha sesorah :


sesorah dinten kamardikan

Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak saha Ibu Dwija dalasan karyawan SMA Negeri 11 Sembada ingkang satuhu kinurmatan, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani. Saderengipun mangga sesarengan ngaturaken syukur Alhamdulillah wonten ngarsanipun dalem Allah SWT, dene kula panjenengan sami taksih pinaringan rahmat saha hidayahipun, katitik kula panjenengan sekaliyan taksih saged kempal wonten ing papan mriki, saperlu hangrawuhi adicara pengetan dinten Kamardikan Negara Kesatuan Republik Indonesia. Wonten ing mriki, kula badhe ngaturaken satunggaling tema Kamardikan Republik Indonesia.
Kita sedaya mangertos, bilih atusan warsa kita dipunjajah dening bangsa Walanda. Rakyat dipundamel ajrih saha nampi kasangsaran amargi kajajah. Kanthi landhasan tekad saha raos handarbeni dhumateng bangsa saha nagari ingkang kiyat, rakyat Indonesia ngupaya supados saged mardika. Kawontenan menika saged kaleksanan rikala dinten Jumat tanggal 17 Agustus 1945. Pramila, rakyat Indonesia mengeti saben 17 Agustus minangka dinten kamardikan bangsa kita, kangge pepeling saha mengeti Kamardikan Republik Indonesia ugi pengurbananipun para pahlawan ingkang sampun gugur kangge kamardikaning bangsa kita.
Awit saking menika kula panjenengan sami kedhah tansah ngaturaken raos syukur awit kanugrahan kasebat. Raos syukur menika antawisipun kawujudaken kanthi acara jalan santai sesarengan satunggal RW, ngecet gapura, pasang umbul-umbul, pasang lampu maneka warni, ugi kerja bakti lingkungan kanthi masang aksesoris merah putih. Lomba ingkang dipunwontenaken, antawisipun panjat pinang, tarik tambang, balap karung, nedha krupuk saha sanes-sanesipun.
Adicara inti dipunwontenaken tirakatan wonten ing malem tanggal 17 Agustus wonten ing pawiyatan kita menika. Pramila saking menika, kula saha panjenengan sedaya tansah ngaturaken raos syukur ugi nyuwun kaliyan Gusti Allah SWT supados bangsa kita menika dados bangsa ingkang langkung sae.
Kula kinten kirang wicaksana menawi kathah anggen kula matur. Pramila cekap semanten kemawon atur kula, mbok bilih wonten klenta-klentuning atur, kula tansah nyuwun agunging pangaksami.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.

kapethik saka :
http://duniakirun.blogspot.co.id/2016/04/pengertian-dan-contoh-sesorahlengkap.html
http://kampoengilmu.com/sesorah-bahasa-jawa/

uyon - uyon

uyon - uyon yaiku pasugatan gendhing mirunggan ing adicara pahargyan pinanganten utawa ing pagelaran ringgit purwa.
Kasusastran kang tinemu ing gendhing
a.      Cakepan : syair, tetembungan kang dienggo ing tembang.
b.      Cengkok : lak-luking swara kanggo nglagokake tembang.
c.       Gendhing : lelagoning gamelan kawangun saking mawarni aspek karawitan.
d.      Gamelan : piranti karawitan kanggo ngiringi tembang.
e.      Laras : rasa thithingane swara cendhak nganti swara dhuwur.
f.        Titi laras : angka minangka gantine laras.
g.      Pathet : ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang.
h.      Pedhotan : pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik.
i.        Senggakan : unen-unen mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung swaraning gendhing/pradangga.
j.        Swarawati : waranggana, pesindhen, penyanyi putrid.
k.      Wiraswara : penyanyi kakung.
l.        Gerong : tembang kang dilagokake bareng karo gamelan kanggo mbarengi gendhing, denen sing gerong para wiraswara/pradangga.
m.   Sindhenan : tetembangan kang dilagokake dening waranggana utawa pesindhen binarung swaraning gamelan/ lelagoning gendhing.
n.      Irama : ukuran rindhik rikating panabuhing gamelan.
o.      Bawa : tembang kanggo mbukaki gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan.
p.      Buka : tetabuhan utawa swara kang kanggo bukani gendhing.
q.      Blimbingan : wujud wilahan gender, slenthem, demung, saron, lan peking sing tengahe nganggo lingiran.
r.       Niyaga : paraga kang ngayahi nabuh gamelan.
s.       Paniti : paraga kang kajibah mranata tata rakiting gamelan ing panggungan lan ngrupakawis gamelan.
t.        Karawitan : gumelaring gamelan saprabote.
GAMELAN
Inggih punika arane tetabuhan kangrericikane akeh banget. Bahan kang biasa dianggo gawe gamelan inggih menika perunggu utawa gangsa (campuran tembaga lan timahsari), kuningan saha barut (wesi lan plat).
Ricikan gamelan miturut wujud, bahan, lan cara nabuh :
1.      Wujud tebokan
Cara nabuh : dithuthuk (bedhug, tambur), dikebuk/keplak/tabok (kendhang).
·         Kendhang : piranti gamelan kang ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji.
a.      Kendhang gendhing/ kendhang ageng
b.      Kendhang ketipung
c.       Kendhang batangan/ kendhang ciblon
d.      Kendhang wayangan 
[KENDHANG]
2.    Wujud wilahan
Cara nabuh : dithuthuk.
·         Gender : perangkat gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan lan ing ngisore ana tabung/ silinder kang fungsine kanggo ngatur gema swarane.
·         Slenthem
·         Gambang
·         Demung
·         Saron
a.      Saron barung
b.      Saron panerus (peking)
[GAMBANG]
[SARON]

     
                     
3.                                 Wujud wilahan pencon
Cara nabuh : dithuthuk.
·         Gong kemodhong
·         Kecer
[KECER]
4.                                  Wujud pencon
Cara nabuh : dithuthuk, jagur.
·         Bonang
a.      Bonang panembung
b.      Bonang barung lan panerus
·         Kethuk lan kempyang
·         Kenong
·         Kempul
·         Gong
a.      Gong ageng
b.      Gong suwukan
[KETHUK LAN KEMPYANG]

[KENONG]

[KEMPUL]

            
5.                                  Wujud kawatan
Cara nabuh : digesek (rebab), dipethik/cuwik (siter, clempung).
·         Rebab
·         Clempung lan siter 
[REBAB]

[SITER]

 
6.   Wujud pipa
Cara nabuh : disebul.
·         Suling
·         Kemanak
                         
[KEMANAK]
[SULING]









kapethik saka :
LKS kawuryan XI SMA semester 2