cerkak
Cerita cekak utawa cerkak yaiku bentuk karangan nduwe bentuk prosa naratif fiktif lan nggunakne Basa Jawi jero panulisane. Cerkak cenderung padat lan teras nang tujuane, dibandingna karo cerito fiksi sing luwih dawa kaya novel. Cerkak sukses nyandhalake teknik-teknik sastra kaya tokoh, alur, tema, basa, lan insight sacara luwih amba dibandingna karo fiksi sing luwih dawa.Pengertian Cerkak
Jero bentuk-bentuk fiksi sing luwih dawa, ceritone cenderung momot unsur-unsur inti tertentu saka struktur dinamis:
- Eksposisi (panerna setting, situasi, lan tokoh utamane)
- Komplikasi (kadadean neng jero cerito sing ngenalake konflik)
- Aksi sing ningkat, krisis (wektu sing menentukan kanggo si tokoh utama lan komitmen dekne kabeh adhep mubarang jangkah)
- Klimaks (titik minat paling dhuwur jero pangerten konflik lan titik cerito sing ngandung aksi paling akeh utawa penting)
- Penyelesaian (kanggonan cerito neng endi konflik dipecahkan)
- Moral
Ning mangkana, akhir saka akeh cerito cekak biyasane mendadak lan bukak lan bisa ngandung (utawa bisa uga ora) pesan moral utawa piwulang praktis. kaya akeh bentuk seni endia, ciri khas saka siji cerito cendhak beda-seje manut pengarangnya.
Cerkak nduweni 2 unsur yaiku:
1. Unsur intrinsik yaiku unsur sing nangi karya kuwi dhewe. Unsur–unsur intrinsik cerkak yaiku dadi iki:
- Tema
- Latar: panggon, wayah, kahanan.
- Alur: maju, mundur, campuran.
- Tokoh
- Penokohan
- Sudut pandang
- Amanat
Unsur ekstrinsik meliputi:
- aji-aji jero cerito (agama, budaya, politik, ekonomi)
- Latar buri kuripan pengarang..
- Situasi sosial pas cerito kuwi diciptakan.
kapethik saka :
http://www.cerkakbahasajawa.com/2015/08/pengertian-cerkak.html
tuladha cerkak :
"Caleg" Dening MM Bhoernomo
Kardono wis ora mamang maneh arep daptar dadi calon legislatif (caleg) sawise ketamuan kancane kuliyah mbiyen sing jenenge Sodrun. Saiki dadi ketua cabang partai anyar sing jarene bakal dadi partai gedhe tur mengko bakal menang pemilu jalaran akeh tokoh nasional Ian artis-artis kondhang sing wis dadi anggotane.
Seprene, wiwit lulus fakultas hukum, Kardono urip ing desane, saben dinane nggarap sawah Warisan saka wong tuwane sing wis padha suwargi. Sawah rong hektar kuwi arep dienggo modhal politik. Jare Sodrun, saiki yen kepengin dadi wakil rakyat pancen kudu duwe modal sing akeh. Saya akeh modale saya gampang golek dukungan rakyat. Yen wis dadi wakil rakyat, bakal gelis balik modal jalaran akeh anggaran proyek sing bisa dikrakup utawa disinggek.
“Aja kuwatir modhalmu ora balik. Miturut sing wis dialami bala-bala, modhal politik bisa balik ora nganti setaun, jalaran akeh proyek sing bisa disinggek utawa dikrakup. Malah akeh sing modhale wis balik kabeh sadurunge setaun dadi wakil rakyat,” omonge Sodrun nalika mertamu ing omahe Kardono.
Kardono bener-bener mantep arep dadi caleg jalaran bojone gelem nyengkuyung. Malah bojone arep melu kampanye murih bisa nyakup suwara rakyat.
Saben bengi, nalika arep turu bareng bojone, Kardono tansah mbayangake dadi wakil rakyat sing sugih banget Ian kerep melu studi bandhing ing negara-negara manca.
“Aku arep kursus basa Inggris supaya bisa ngomong basa Inggris kanthi lancar Ian supaya ora minder yen ngepasi melu studi banding ing negara-negara liya,” ujare Kardono karo mesam-mesem.
“Ya, pancen wakil rakyat kudune pinter ngomong nganggo basa Inggris, Mas. Aja sumelang, Mas. Aku bakal melu kampanye. Nanging yen panjenengan wis dadi wakil rakyat, aku kudune tansah melu studi banding ing luar negeri ya?” bojone sajak wis mantep banget anggone nyengkuyung.
Nalika Kardono arep adol sawah warisan kuwi, kabeh sedulure padha ora mathuk. Banjur padha mara bareng ing omahe Kardono, menehi pitutur sing dianggep wicaksana.
“Sawah warisan kuwi aja didol. Apa maneh didol kanggo modhal politik.”
“Kudu dipetung maneh yen arep melu dadi caleg. Aja sembrana, apa maneh nganti arep adol sawah kanggo modhal politik. Coba bayangke, yen ora bisa dadi wakil rakyat, nanging sawahe wis kebacut didol, banjur arep dadi apa?”
“Aja grusa-grusu. Yen sawah wis kebacut didol, ora bisa dituku maneh.”
“Luwih becik tetep nggarap sawah. Yen pancen kepengin dadi caleg, ora prelu adol sawah. Rakyat saiki wis padha ndakik-ndakik, akeh sing gelem nampa dhuwite nanging emoh milih. Aku saben pemilu uga tansah nampa dhuwit saka caleg-caleg, nanging aku ora tau gelem milih. Aku tetep golput”
Kardono manggut-manggut nalika kabeh sedulure sing uripe padha nggarap sawah kuwi menehi pitutur. Nanging atine Kardono wis mantep arep dadi caleg modhal sawah rong hektar kuwi. Atine wis ora bisa dieluk maneh. Kabeh pituture sedulur dianggep ora prelu dadi wigati.
Kanggone Kardono, nasibe bakal gelis murwat Ian menthereng yen wis dadi wakil rakyat. Saprene, jalaran mung nggarap sawah, ora duwe sumber panguripan Iiya, uripe tansah pas-pasan. Yen ngepasi beja, bisa kepanenan akeh, ya pancen bisa tuku sepedha motor anyar gres, tuku pedhet Ian tuku Iiya-Iiyane. Nanging yen ngepasi akeh ama utawa sawahe kelem kebanjiran, utawa gagal panen, ya banjur kapeksa ngiris sepedha motore Ian pedhete utawa adol-adol barang sing bisa didol kanggo mangan Ian modhal tani.
Jalaran nyawang Kardono sajak wis ora bisa nampa pitutur, kabeh sedulur banjur padha bali menyang omahe dhewe-dhewe kanthi rasa eman Ian kuwatir. Kabeh padha ngeman Kardono jalaran Kardono kuwi pancen sedulur sing paling nom. Kabeh uga kuwatir yen Kardono wis kebacut adol sawah nanging gagal dadi wakil rakyat.
Kabeh sedulur isih eling marang kedadeyan ala sing dialami dening caleg-caleg sing gagal. Ana caleg gagal sing banjur ambruk nganti diopname ing rumah sakit sasen-sasen saengga kabeh donyane katut didol.
Ana uga caleg sing stress banjur edan. Uga ana caleg sing gagal banjur minggat saparan-paran jalaran omahe wis kebacut katut didol tur kejiret utang sing cacahe atusan yuta. Malah uga ana caleg gagal sing nekad ngendhat kanthi cara nggantung awake dhewe sajrone kamar.
Mula senajan Kardono wis ora bisa diwenehi pitutur, kabeh sedulur tetep padha ndedonga muga-muga bae Kardono bisa dadi wakil rakyat, Ian yen ora bisa wakil rakyat ora njur nekad tumindhak ala sing gawe cilakane awak dhewe Ian gawe wirang kabeh sedulur.
KARDONO mesam-mesem nalika eling kabeh sedulure sing sajak ora gelem nyengkuyung dheweke dadi caleg. Nalika arep turu bareng bojone, Kardono nggremeng: “Senajan kabeh sedulur padha ora mathuk, kabeh bakal melu bungah yen aku bisa dadi wakil rakyat. Dhasar wongwong ndesa, bisane mung kuwatir, ora wani ngowahi nasib. Mulane ya tansah padha mlarat kabeh terus-terusan!”
Bojone banjur ngelus-elus pipine karo mesem. “Wis ora usah direwes, Mas. Sing baku panjenengan wis mantep bakal dadi caleg.”
Kardono banjur ngesun pipine bojone sing sajak alus kuwi. Bojone banjur ngekep Kardono.
Ing njabane kamar, akeh walang padha muni ecek-ecek, sajak melu bungah nyawang Kardono Ian bojone nyecep-nyecep madune katresnan. Lebar kuwi, Kardono ngomong. Mbesuk yen wis dadi wakil rakyat bakal kerep ngejak bojone nginep ing hotel berbintang lima murih bisa nyecep madune katresnan sing luwih nikmat.
Bojone mesem. “Wah, aku bakal Seneng banget yen bisa kerep nginep ing kamar hotel berbintang lima, Mas. Nanging aja-aja panjenengan banjur seneng nginep ing hotel berbintang tanpa ngejak aku, Mas?”
Kardono ngguyu nyekikik. Wiwit mantep arep dadi caleg, Kardono kerep mbayangake nginep ing hotel berbintang lima karo wong-wong sing ayu-ayu. Malah Kardono kepengin gonta-ganti kelonan karo wong ayu-ayu saben-saben nginep ing hotel berbintang. Saprene, urip karo bojone sajak wis mboseni, jalaran bojone ora tau gelem dandan lan nganggo wangen-wangen, senajan saben dma pancen repot ngopeni omah.
“Pokoke, yen aku mbesuk wis dadi wakil rakyat, bakal kerep nginep ing hotel berbintang karo wong ayu-ayu sing braen-braen tur wangi-wangi,” Kardono mbatin karo ngeremake mripate.
KARDONO wis adol sawah rong hektar Sawah rong hektar kuwi payu mung telungatus yuta. Kabeh dhuwite dicawisake kanggo modhal politik. Nalika melu rapat partai, Kardono rada kaget, jalaran partai sing arep dadi tunggangan politike ngabot-ngaboti kabeh caleg. Pokoke saben-saben caleg dikon setor dhuwit satus yuta marang kas partai.
Dene saben-saben caleg kudune uga cawis anggaran kanggo kampanye dhewe-dhewe. Yen kepengin bisa dadi wakil rakyat kudune cawis anggaran kampanye sing saakeh-akehe. Kaya mangkono jare wis lumrah, wiwit biyen mula. Yen ana caleg gagal, biyasane jalaran ora wani cawis dhuwit akeh kanggo anggaran kampanye. Rakyat ora bakal gelem menehi suwara kanthi gratis. Kabeh rakyat kepengin suwarane diajeni karo dhuwit. Mula kabeh caleg kudune gelem nyebar dhuwit saakeh-akehe marang rakyat.
Kardono rada mamang anggone dadi caleg sawise mangerteni syarat-syarat sing wis dibeberake ing rapat partai kuwi. Lan jebule caleg-caleg liya luwih sugih. Caleg-caleg Iiya padha cepak dhuwit milyaran rupiah kanggo anggaran kampanye.
Nalika mulih saka rapat partai, awake Kardono lemes, praupane pucet. Bojone nyawang kanthi rasa kuwatir.
“Panjenengan sakit, Mas?”
Kardono ora mangsuli pitakone bojone. Jangkahe rada diseret-seret nalika mlebu kamar. Banjur ambruk ing dhuwur amben. Rasa mamange anggone dadi caleg tansaya abot ngebaki dhadhane, kamangka wis kebacut adol sawah. Rasane arep mundur nanging ora bisa mundur maneh kejaba gelem dikunjara Ian mbayar dendha sing ora sithik. Limang dina engkas mangsa kampanye bakal diwiwiti.
Nalika keprungu yen caleg-caleg liya cawis dhuwit milyaran rupiah kanggo anggaran kampanye, bojone Kardono langsung melu lemes. Wis cetha yen Kardono kalah dhuwit, mula kudune gelem ora gelem siap-siap gagal dadi wakil rakyat.
Sing dikuwatirake kabeh sedulur jebule dadi kasunyatan. Kardono gagal dadi wakil rakyat. Lebar pemilu, Kardono ambruk, nanging emoh ditemoni sapa bae kejaba bojone. Kamare tansah dikancing saka jero. Kabeh sedulur Ian tangga teparo sing mara arep tilik Kardono padha cuwa Ian prihatin. Kabeh padha nggremeng.
“Wong ora patiya sugih mbok aja melu-melu dadi caleg.”
“Dadi caleg kuwi pancen risikone abot banget.”
“Melu-melu nyaleg kuwi kaya dene melu lotre. Yen menang ya bisa ndadak sugih, nanging yen kalah ya bisa ndadak kere.”
Bojone Kardono susah banget. Nalika akeh sedulur Ian tangga teparo padha mara, ora gelem menehi pasugatan apa-apa. Malah Iungguh sendhen cagak tritis ngarep karo mbesengut. Nalika ana sing takon kahanane Kardono, bojone malah mangsuli karo mingseg-mingseg.
Kabeh sedulur Ian tangga teparo banjur padha ngurut dhadhane dhewe-dhewe merga welas marang kahanane Kardono saiki.
Jare bojone, Kardono ngathang-ngathang ing dhuwur amben, rina wengi, wuda blejet, kenthis-kenthis ... -- (Cuthel)
kapethik saka :
http://kumpulan-cerkak.blogspot.co.id/2016/11/cerkak-bahasa-jawa-caleg.html
0 komentar: