sesorah
Sesorah(pidato) yaiku micara/matur/nglairake gagasan sarana
lisan ing sangarepe wong akeh kanthi ancas tinamtu.
a.
Ancasing sesorah/tujuan sesorah
1.
Atur
Pambagyo= yaiku sesorah kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing acara apa wae
kayata acara syukuran,supitan,tanggap warsa(ulang tahun),pengantenan.
2.
Atur
kabar/paring informasi= yaiku sesorah kang aweh kabar/informasi,umpamane
acara rapat organisasi,promosi barang.
3.
Atur
pangajak=yaiku sesorah kang ancase supaya sing mirengaken percaya banjur
ketarik atine lan gelem nindakake apa kang diwedharake dening sing sesorah,umpamane
sesorah ing papan ibadah
4.
Atur
panglipur= yaiku sesorah kang aweh panglipur utawa nggedhekake atine marang
para sutresna sing lagi nandhang susah,umpamane sesorah ing sangarepe para
kadang kang lagi nandhang pancobaning urip arupa musibah bencana alam,kepaten
lan liya liyane.
5.
Atur
panyarue/ngemutake= nelakake panemu kanthi dhasar-dhasar kang ganep tumrap
sawenehing ada ada,contone tontonan lumatar tv,panggoning hp lah internet kang
kurang becik tumraping bocah sekolah.
b.
Bab wigati nalika lagi sesorah(bab
yang perlu diperhaikan saat pidato)
1. Basa
Basa kang digunakake kudu cocog karo sing diadhepi. Basa ngoko digunakake
menawa sing diadhepi iku bocah/luwih enom tinimbang sing sesorah. Basa krama
digunakake menawa ngadhepi wong sing luwih tuwa/wong sing kudu diurmati.
2. Busana
Menawa sesorah becike nggunakake busana kang becik lan sopan. Ana
tetembungan “ajining raga saka busana” kejaba kanggo ngormati sing padha
mirengake uga bisa kanggo njagani lan ngajeni awake dhewek. Busana uga kudu
kaleresan karo kahanan lan tujuan.
3. Swara
Swara kang kepenak dirungokake iku aja keseron utawa aja lirih banget.
Anggone ngucapake kudu jelas,ora kecepeten saengga apa kang diwedharake gampang
dingerteni karep,irama ora lugu kaya wong maca buku.
4. Solah bawa(sikap)
Wong sesorah iku kudu mantep lan tatag,madhep marang pamriksa,aja
tumungkul,ndhingkluk lan aja ndangak.
c.
Bab kang kudu disingkiri nalika
sesorah
1.
Polatan mbesengut(terlihat marah)
2.
Gugup(nerveous)
3.
Ngguyu sing digawe gawe(tertawa dibuat buat)
4.
Sering ndeleng cathetan(sering melihat catatan)
5.
Bola bali ngobahake tangan/sikil(terlalu sering
menggerakan tangan/kaki)
6.
Ngadeg kaku kaya wong baris(berdiri terlalu kaku
seperti orang baris)
7.
Karo mloka mlaku(sambil jalan jalan)
8.
Tangan methentheng
9.
Tangan mlebu sak klambi/kathok(tangan masuk ke
saku baju/celana)
d.
Urutane sesorah
1. Salam pambuka
Isine ngucapake salam marang tamu kang rawuh kayata nuwun,kula
nuwun,sugeng siyang,sugeng sonten,sugeng ndalu utawa salam liyane
2. Purwaka
Atur pakurmatan marang para tamu lan atur syukur marang Gusti dene isih
bisa ketemu kanggo nindhakake acara iku. Uga atur panuwun marang para tamu sing
wis kersa nglonggarake wektu rawuh ing acara iku
3. Isi/wignatining atur
Isine bab apa sing bakal diaturake manut marang acarane
4. Pangarep-arep
Isine bab sing disuwunake(diarep arep) saka sing kagungan kersa
marang tamune umpamane donga, pitutur
lan sapiturute.
5. Panutup
Isine nyuwun pangapura menawa anggone nampa tamu utawa matur ana
tetembungan sing kurang becik lan solah bawa utawa tindak tanduk sing ora
mranani penggalih.
sesorah dinten kamardikan
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak saha Ibu Dwija dalasan karyawan SMA Negeri 11 Sembada ingkang satuhu kinurmatan, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani. Saderengipun mangga sesarengan ngaturaken syukur Alhamdulillah wonten ngarsanipun dalem Allah SWT, dene kula panjenengan sami taksih pinaringan rahmat saha hidayahipun, katitik kula panjenengan sekaliyan taksih saged kempal wonten ing papan mriki, saperlu hangrawuhi adicara pengetan dinten Kamardikan Negara Kesatuan Republik Indonesia. Wonten ing mriki, kula badhe ngaturaken satunggaling tema Kamardikan Republik Indonesia.
Kita sedaya mangertos, bilih atusan warsa kita dipunjajah dening bangsa Walanda. Rakyat dipundamel ajrih saha nampi kasangsaran amargi kajajah. Kanthi landhasan tekad saha raos handarbeni dhumateng bangsa saha nagari ingkang kiyat, rakyat Indonesia ngupaya supados saged mardika. Kawontenan menika saged kaleksanan rikala dinten Jumat tanggal 17 Agustus 1945. Pramila, rakyat Indonesia mengeti saben 17 Agustus minangka dinten kamardikan bangsa kita, kangge pepeling saha mengeti Kamardikan Republik Indonesia ugi pengurbananipun para pahlawan ingkang sampun gugur kangge kamardikaning bangsa kita.
Awit saking menika kula panjenengan sami kedhah tansah ngaturaken raos syukur awit kanugrahan kasebat. Raos syukur menika antawisipun kawujudaken kanthi acara jalan santai sesarengan satunggal RW, ngecet gapura, pasang umbul-umbul, pasang lampu maneka warni, ugi kerja bakti lingkungan kanthi masang aksesoris merah putih. Lomba ingkang dipunwontenaken, antawisipun panjat pinang, tarik tambang, balap karung, nedha krupuk saha sanes-sanesipun.
Adicara inti dipunwontenaken tirakatan wonten ing malem tanggal 17 Agustus wonten ing pawiyatan kita menika. Pramila saking menika, kula saha panjenengan sedaya tansah ngaturaken raos syukur ugi nyuwun kaliyan Gusti Allah SWT supados bangsa kita menika dados bangsa ingkang langkung sae.
Kula kinten kirang wicaksana menawi kathah anggen kula matur. Pramila cekap semanten kemawon atur kula, mbok bilih wonten klenta-klentuning atur, kula tansah nyuwun agunging pangaksami.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.
kapethik saka :
http://duniakirun.blogspot.co.id/2016/04/pengertian-dan-contoh-sesorahlengkap.html
http://kampoengilmu.com/sesorah-bahasa-jawa/
0 komentar: